Oleh: bawormbatam | Juli 13, 2008

Bawor mBatam Gawe Pengurus Anyar 2008

Pas tanggal 12 Juli 2008 wingi, Bawor mBatam sing wis fakum pirang tahun gawe kepengurusan anyar nggo melanjutkan roda organisasi. Manggon nang Rusun Bida Kuning, Batam, jam 14.00 WIB, ana 16 anggota lawas lan anyar ngumpul bareng mbahas pembentukan ketua, sekretaris lan bendahara Bawor mBatam 2008.

banyumas mbatam

Akhire kepilih secara aklamasi formasi pengurus sebagai berikut  :

-Ketua        : Riska Taufik Hidayat
-Sekretaris    : Resti Septiana Asih
-Bendahara    : Ivo Agus Riani

Trus ditambah koordinator wilayah sing ana nang Batam nggo memudahkan nek ana acara sing arep digawe. Rencanane nang wulan Agustus 2008 Bawor mBatam arep ngumpul maning dalam rangka memperingati 17 Agustus dalam bentuk lomba kayadene mangan krupuk, bal-balan sarung, mindahna dir nganggo sendok, joget balon, lan permainan liya-liyane.

banyumas batam
Nah para kanca kawula ngapak Banyumasan sing ana nang Batam, aja kelalen ayuh pada melu gabung nang organisasi kiye, utamane kawula muda sing gandrung karo acara ngumpul-ngumpul sinambi gendu-gendu rasa. Nek arep gabung, mangga hubungi contact person-e antara lain Riska Taufik Hidayat (085647820489), Resti Septiana Asih (085227324714), utawane Ivo Agus Riani (081546549711).

Kategori